Ngeuri-uri bab budaya jawi




Assalamualaikum wr.wb.
Para rencang kawula ing 9.6 ingkang kinurmatan.
Puji syukur dhumateng gusti ingkang murbeng dumadi. Amargi kula lan panjenengan sedaya ing dinten punika tansah pinaringan rahayu wilujeng. Saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal dhateng panggenan punika, kanthi mboten kirang satunggal punapa ugi tebih saking sambekala. Amin!
Perlu kaaturaken dhateng rencang - rencang bilih ing dinten punika kula badhe matur bab budaya jawi ingkang kedah dipunuri-uri, sebab kula lan panjenengan sedaya sami mangertos bilih budaya jawi sak punika sampun kalirwaaken. Ateges kados-kados budaya jawi sampun mboten wonten ginanipun. Sedaya punika sampun kawon kaliyan budaya asing, ingkang sakpunika sampun sumrambah ing nagari nuswantara. Pramila, mumpung dereng kadaluwarsa, sumangga kita sareng nguri-uri budaya jawi. Budaya jawi punika kathah jenisipun, umpaminipun ingkang  kasebut : reog, ludruk, ketoprak, wayang kulit lan sanes-sanesipun. Budaya jawi punika sampun ngantos ical amargi sakpunika bangsa asing ugi sami nggladhi budaya jawi, lha! Para mudha mangga, sami ambudi daya, sampun ngantos kawon kaliyan bangsa manca. Punapa malih budaya jawi dipunakeni bangsa sanes, wusananipun budaya jawi telas, lha, lak malah cotho! Kados pundi ?

Salah satunggalipun tuladha nguri-uri budaya jawi inggih punika ngawontenaken :
-          Lomba-lomba bab budaya jawi
-          Siaran tv ngagem basa jawi ingkang sae
-          Ngagem basa jawi ing padinan. Kados sak punika dinas pendidikan nyaranaken wonten satunggal dinten ngagem basa jawi ing sekolah lan
-          Ngawontenaken sanggar-sanggar ingkang nyinaani bab budaya jawi

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Kados ingkang kula lan panjenengan raos, para mudha ngganggep bilih budaya jawi utaminipun basa jawi sampun kuna. Para mudha rumaos lingsem menawi nggangge basa jawi, malah menawi wonten tiyang ngagem basa jawi dipunwastani katrok, ketinggalan jaman lan ora gaul. Kedahipun kula lan panjenengan sedaya saged migunaaken basa jawi ingkang alus lan luwes, saksanesipun basa Indonesia lan basa asing. Dados, tiyang jawi mboten dipunwastani “wong jawa sing ora ngerti jawane”. Lha supados ngagem basa jawi ingkang sae, sumangga dipunbiasaaken milai alit, kaliyan dipunagem ing saben dintenipun. Basa jawi salintunipun sampun dipungladhi ing sekolah, kedahipun ing njawi sekolah ugi dipunlatih , kadosta maos kalawarti basa jawi, mirsani tv utawi mirengaken radio ingkang khusus nyiaraken bab budaya lan basa jawi.

Para rencang ingkang tuhu dados tepa palupi.
Wusananipun sumangga sami setya apuji bekti, lan ngeranti sih anugrahaning gusti, mugi punapa ingkang kita esti, gusti kersaa ngijabahi, amin! Menawi wonten kirang lan kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, nuwun. 

Wassalamualaikum wr.wb.


#karangan asli

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 Larasati Maghtilda IX6. All rights reserved.
Free WPThemes presented by Leather luggage, Las Vegas Travel coded by EZwpthemes.
Bloggerized by Miss Dothy